Lelakon Wulan Iki
Gambar iki oleh soko said, mbuh aku dhewe pas nulis iki yo bingung dewe… kok iso oleh gambar koyok ngene kiy teko ngendhi… yo tho… bingung pisan to kowe ???? Asline aku arep nyebut Laskar Pelangi yo ora penak dhewe…. wes kedhisik’an karo sepandhuk’e cineplek selikur.
Mumpung neng mburiku enek chemul, sek tak takon dhisik……
Aku : Mul, gambar iki pas lapo mul ?
Chemul : Iki pas ndik arjosari
Aku : Lapo ?
Chemul : Photo pas katene budhal.
budhal neng ngendhi… lha iku sing aku dhewe sik kentek’an nara sumber. lha cemul malih njaluk dji so kam sak bungkus… aku yo moh ta…..
Tapi nek soko milis, ceritane bocah bocah iki arep munggah Arjuno Semeru (asemik, diseneni cemul). yo aku sik percoyo wae sih. lha sik iso nggowo weteng’e dhewe dhewe. sik berbentuk six pack kabeh, enek sing nduwe sungut sak iki wes nduwe buntut. yo ngono kuwi lah, bocah bocah, nek ora bal balan, munggah gunung, yo mesthine pacaran.

aku lek arep login nggo opoan ?
mbok diinstall NEXT GEN Gallery tho, mben foto-foto jaman biyen iso diupload kabeh, sing duwe koleksi monggo ngirim fotone nang admin mben iso dipublikasikno
oh koen ga ngerti yo … lek ga salah pas nang semeru kui onok 2 arek sing kate tarung (maruhno aku lak dipusuhi arek2). mbuh lali aku sopo karo sopo. wis sepuroan durung kui. tapi jan tape kui kuat banget nggowo banyu teko ranu kumbolo mpe arcapodo ngga gantian blas.jurigen lengo gas 5 liter diisi banyu kebek. tak rewangi nggowo mpe ora oleh hehehe (mari nggowo mek 100 meteran, trus tak ombeh, kutah kabeh malah diseneni arek2)
wakakakka …iyo lali aku mul
, moso aku wis tutuk arcopodo malih mudun maneh nyusul kowe
kabeh podo nesu2 , mwahahahah
kowe sing paling parah mol , nyikso koncone titik2 istirahat
allooo broo sing seneng pethakilan mblasak gunung…hehehe
nek gak salah foto iki, pas arek-arek arep munggah nang arjuno sing gak sido sampe puncak gara-gara kenek badai….trus bengi waktu camp, tendo sing digae turu teles kuabeh mergo udan dereees poulll…
ayoook kpn reuni’an nang gunung maneh ? ..
arek2 gendeng
iku foto katene nang semeru,…
sesi arjuno ganok tape ^^ ganok chemul,..
iyo jaman iku aku sing katene tarung karo cepi hahahaha sik iling tah koen cep
tukaran gara2 gak nemu dalan nang ranu kumbolo
nek iling kejadian iku, dadi isin bos… hahahaha