Model – model-an jepang

Acara Jepang jepang-an neng CiwalkIki enek acara neng Bandung, pas’e neng Ciwalk. Sing biasane nonton Naruto utowo Onepiece utowo Inuyasha mesthine podho seneng iki. Neng kene onok pentas lagu lagu soko Jepang, enek peragaan mode mode pisan.

Nah, kanggo sing jomblo. akeh cewek cewek ayu neng kene. Tapi sing wes keluarga ojo kuatir, mestine anak2′e sampean mesthine podho seneng neng kene. Lha wong enek kura – kura ninja sampek AA Gym kok. (welhe!!????)

Nek uwis bar leh nonton, iso nyambangi Erida koncone dewe sing neng Mbandhung. Sekalian ndelok piye kabare bocah’e.

Acara iki mestine yo enek wong dodolan panganan pisan, nek ora, opo arep keluwen neng kono. sampean sampean lak malah gak gelem teko tho…???? Yo wes, acara iki arep di gelar rutin neng Ciwalk. mengko lek enek kabar meneh, di kabari meneh deh…

Iki enek gambar gambar meneh soko acara kuwi mau.

Manisah siso masakan\'e bu Pri

( iki arep moto sing nyanyi opo moto sayuran iki ??? mbuh.. aku yo bhingung dhewe aku….. )

Mbak sing tau kerjo neng Agrowisata

( yo nek kesuwen kerjo neng agrowisata mbatu, raine yo maleh ngoyot ngene iki )

Leave a Reply